Postingan

Gambar
GENDUK Gendukku Iki amung sak deret babasan sing katulis dening bapak nggo sliramu. Pas moco catetan iki  kabeh kembang mekar amrik Kabeh tembang kumandang Gendukku Bapak paring ahwaya "Florenzia Irenna Putri Ranatya". Ambrih acitya ngraut mring rogo jiwomu Mbadong pikiranmu ing mustaka Kembang adi ambrik bingar-bingaring adanu aditya Tukul ing taman surgone gusti Bapak lan ibuk nyuwun siji Yogoku mlakuo ing donyo sing mantep ing agomo Gelaren sajadah sing kalempit Madep ngulon subuh nunggu ibadahmu Tlapakno tanganmu templekno bathukmu sujut syukur mring gusti Gendukku Sliramu batur ning uripku Papan ilange kesel sing numpuk ning boyokku Lan papan esemku nyawang nebar setitik acitya Tak baturi ing dino-dino tertentu Aku kudu sabar tlaten Aderma ing angkahmu Ambrih bagya donyomu Ora lali kewajiban bakti mring gusti Gangsal wekdal ojo nganti ninggal Gendukku Usah tekon nyapo Sliramu nduwe bapak sing dewek'e kalenan lan lurung peteng Dadekno atimu papan nglumpuk'e lengo ...