GENDUK


Gendukku

Iki amung sak deret babasan sing katulis dening bapak nggo sliramu.

Pas moco catetan iki 

kabeh kembang mekar amrik

Kabeh tembang kumandang


Gendukku

Bapak paring ahwaya "Florenzia Irenna Putri Ranatya".

Ambrih acitya ngraut mring rogo jiwomu

Mbadong pikiranmu ing mustaka

Kembang adi ambrik bingar-bingaring adanu aditya

Tukul ing taman surgone gusti

Bapak lan ibuk nyuwun siji

Yogoku mlakuo ing donyo sing mantep ing agomo

Gelaren sajadah sing kalempit

Madep ngulon subuh nunggu ibadahmu

Tlapakno tanganmu templekno bathukmu sujut syukur mring gusti


Gendukku

Sliramu batur ning uripku

Papan ilange kesel sing numpuk ning boyokku

Lan papan esemku nyawang nebar setitik acitya

Tak baturi ing dino-dino tertentu

Aku kudu sabar tlaten

Aderma ing angkahmu

Ambrih bagya donyomu

Ora lali kewajiban bakti mring gusti

Gangsal wekdal ojo nganti ninggal


Gendukku

Usah tekon nyapo

Sliramu nduwe bapak sing dewek'e kalenan lan lurung peteng

Dadekno atimu papan nglumpuk'e lengo wangi

Lan kembang tutur bosomu

Ora nggowo loro tak dadekno kuciwo

Terus ngelingke howo kangen mring sliramu

Lan mili karo tekating bakti


Gendukku

Kadang bapakmu ra wedi panas udan

Mergo pengen ngungkapne 

Lan ngajarne sabar mergo crito mring awak'e

Sing garai kelingan terus ing netro

Lucu,gembeng lan mbidungmu

Sliramu werno-wernine kuwung

Abang ijo lan kuning

Ngwarnai langit peteng sing keterak srengenge


Gendukku

Jumuk'en takdirmu sing bawera ing bawana

Tak pengen dentingmu

Nyiptakne acitya sing anyar

Crito ewon ning panguripan bingare jagat

Sliramu apsekar mewangi lan abra

Omongo nyang dino apik

Lan mongso mekar ing ati

Bapak mbaturi

Dadio pucuk'e lading landep

Sakbare tak sah dening ongkal

Mbacok'i carang sing ngriweti tanduran

Mugo'o dadi paser sing icul dening ndewo

Titis ener ing sasaran

Bapak mikul mrangkul

Mondong nggendong

Mulyo gendukku abdio

Mring bongso,negoro lan agomo

wali songo
rukun iman
rukun islam
sifat-sifat rosul allah
amal perkoro

Robbana ya robbana
Waghfirlana dunu bana
Watsabit imanana (2×)
Ya rohman ya rohimin

Siro ing badan sempurno
Sempurnone wong ing alam kabeh
Wujud Qidam Baqo Mukholafatulilhawaditsi Qiamuhu binafsihi Wahdaniyah Qodrat  Irodat Ilmu Hayat Sama' Bashar Kalam Qodiron  Muridan Aliman Hayyan Sami'an Bashiron Mutakaliman

Insun ngimanaken malaikat iku utusane Allah kawulane Allah
Kang werno-werno rupane werno-werno ing gawene werno-werno ngibadahe
Tanpo shahwat tanpo nafsu ora bapa ora ibu ora lanang ora wadon ora zaman ora makan ora mangan ora minum jisime jisim alus bangsa luhur

Asyhadu alla ilahaillaloh
Wa asyhadu anna muhammadar rosulluloh

Anekseni ingsun setuhune ora ono pengeran kang sinembah kelawan sak benere kang wajib hukume kang mokal adame kang mesti anane anging Allah
Anekseni ingsun setuhune kanjeng nabi muhammad iku utusane Allah kawulane Allah
Kang romo syaid abdullah kang ibu siti aminah ingkang lahir ono mekah hijrah ing madinah jumeneng ing madinah gerah ing madinah sedo ing madinah sinareaken ing madinah
Bongsone bongso arab bongso rosul bongso kuraisy

Utawi yoswane kanjeng nabi muhammad iku suwidak tahun langkung tigang tahun
Utawi maknane lafat Lailahhailalloh iku makno nabi kelawan islam mongko kang andadekaken iku pengeran kang liyo saking pengeran kito kang aweh lan moho molyo
Utawi kang islamaken iku pengeran kang kuoso saking pengeran kito andadekaken, andadekaken ing alam kabeh
Yoiku aran enggon tegese aran Allah iku aran kang rohmat kang wajib hukume kang mokal adame kang mesti anane
Ora werno ora rupo ora anak ora enggon lan sing sopo wonge ngucapaken setuhune Allah iku werno rupo aran enggon mongko wong iku dadi kufur

Utawi kanjeng nabi muhammad iku pengeran kang lanang kang merdeko kang wus akil balig kang bagus rupane amencorong kahanane koyo purnomo rembulan utowo koyo srengenge kang bagus akale kang endah atine
Sidik Amanah Tablig Fatonah
Sidik bener Amanah dipercoyo Tablig anyampekaken Fatonah cerdas akale

Allohumasoli alla muhammad (2×)
Wa alla alihi wa alla alihi
Wabarik wassalam
Allohuma robi je'alhadza baladan aminan (2×)
Warzuq ahlahu (2×)
Wabarik wassalam



Komentar